74HssqAmpAieSQYdpeY0UHJ3eJx0ro2Bjc2BCzNj

Spanduk Perlawanan Pensiunan Korban Bank Mantap Muncul Nang Patang Papan


 PURWAKERTA Suasana kasus kredit bermasalah sing nyeret para pensiunan nasabah PT Bank Mandiri Taspen (Mantap) Cabang Purwakerta saya panas. Rebo (24/6/2026), spanduk-spanduk seruan aksi damai katon wis dipasang nang patang papan strategis, yaiku Kalibagor, Tanjung, Berkoh, lan Jensud.

Munculé spanduk kuwi dadi pratandha menawa kesabarane para pensiunan korban wis saya entek. Wong-wong sing rumangsa dadi korban kasus kredit bermasalah kuwi saiki wiwit nyawiji lan nyuarakna tuntutane supaya oleh keadilan.

Nang salah siji spanduk ketulis cetha:

"Awaké Dhewek Dudu Sapi Perah. Rungokna Jeritane Pensiunan, Wenehana Keadilan Kanggo Awak Dhewek."

Tulisan gedhe kuwi langsung narik kawigaten warga sing liwat lan dadi bahan omongan masyarakat nang sawetara wilayah Banyumas.

Kuasa hukum para korban, H. Djoko Susanto, S.H., nerangake menawa pemasangan spanduk kuwi dadi bagéan saka sosialisasi lan konsolidasi menjelang aksi sing luwih gedhe.

"Aja nganti para nasabah dadi tumbal kanthi alesan oknum kanggo nylametna korporasi. Saiki akeh pensiunan sing uripe wis ana ing pinggire kemiskinan merga persoalan kredit kuwi," ujare.

Miturut Djoko, kurang luwih 120 pensiunan sing didampingine wis suwe ngenteni penyelesaian. Pihaké uga wis ngirim somasi terbuka marang Presiden RI, DPR RI Komisi VI, OJK, KPK, uga pimpinan Bank Mandiri lan Taspen.

Nanging menawa ora ana penyelesaian sing dianggep adil, para korban ngakoni siyap nggelar aksi luwih gedhe.

"Para pensiunan wis siyap mudhun nang dalan. Ora mung dhewek, nanging uga bojo, anak nganti putu siap melu perjuangan nuntut keadilan," tambah Djoko.

Diduga Nyeret Kerugian Miliaran Rupiah

Kasus iki wiwité saka dugaan penyimpangan prosedur kredit sing diduga ditindakake déning oknum mantan pegawai. Korbane mayoritas pensiunan ASN, guru, lan anggota Polri.

Sawetara korban ngakoni biyen dijanjeni kemudahan lan program sing nguntungna. Nanging pungkasane malah ngalami pemotongan dana pensiun kanggo mbayar cicilan kredit sing saiki dadi persoalan.

Kerugian sing dialami para korban dilaporna nganti miliaran rupiah.

Sanajan pihak bank sadurunge nyebut kasus iki mung ulah oknum, para korban lan kuasa hukumé tetep nuntut supaya PT Bank Mandiri Taspen gelem tanggung jawab sacara lembaga utawa korporasi.

Perjuangan Wong Tuwa Golet Keadilan

Munculé spanduk-spanduk kuwi nuduhna menawa perjuangan para pensiunan saiki saya entuk perhatian saka masyarakat. Akeh warga sing melu prihatin amarga wong-wong sing wis puluhan taun ngabdi marang negara malah kudu ngalami kesusahan ing masa tuwane.

Yen ora ana langkah nyata saka pihak-pihak sing gegayutan, aksi damai sing saiki mung awujud pemasangan spanduk diprakirakna bisa berkembang dadi gerakan massa pensiunan sing luwih gedhe nang Banyumas.

"Masa tuwa awak dhewek dudu kanggo nanggung kesalahane wong liya," dadi pesen sing terus disuarakna para pensiunan nalika ngupaya golet keadilan.