Mayit Ngambang Ning Kali Karanganyar, Tim SAR Langsung Nyamber Evakuasi!

Tim SAR bar ngangkat mayite/Poto: Sekang Humase
Kebumen (27/03/2025) – Tim saka Basarnas liwat Kantor Pencarian lan Pertolongan Cilacap bareng karo Tim SAR Gabungan, wis nglakoni evakuasi penemuan mayit neng aliran kali wilayah Kecamatan Karanganyar, Kabupaten Kebumen.


Informasi kedadean iki ditampa saka Pusdalops BPBD Kebumen sekitar jam 11.25 WIB. Miturut laporan warga, mayit kuwi ditemokake ngambang neng kali sekitar jam 11.20 WIB. Warga sing weruh banjur langsung laporan marang petugas, terus diterusna menyang USS Kebumen kanggo njaluk bantuan evakuasi.


Ora suwe saka laporan mlebu, sekitar jam 11.30 WIB tim Rescue saka USS Kebumen langsung mangkat menyang lokasi. Tekan kono jam 11.40 WIB, tim banjur koordinasi karo pihak-pihak sing ana, ngecek kondisi (assessment), lan nyiapna peralatan kanggo evakuasi.


Jam 12.05 WIB, Tim SAR Gabungan kasil ngevakuasi mayit kuwi neng kondisi wis ora urip. Sabanjure korban digawa menyang RSUD Kebumen kanggo penanganan luwih lanjut.


Nganti saiki, identitas korban isih lagi proses diidentifikasi. Data sementara, korban dikenal minangka Mr. X, umur kira-kira 40 taun, lanang.


Amarga korban wis kasil dievakuasi, operasi SAR diusulake ditutup. Kabeh unsur tim sing melu banjur bali menyang satuan masing-masing.