JANJI DADI POLISI MALAH KENA TIPU! Duit Rp125 Juta Melayang, Ngaku-ngaku Eks AKBP Malah NEROR


BANYUMAS – Kedadeyan iki tenan gawe geleng-geleng sirah. Wong enom jenenge Dimas, warga Banyumas, ngaku ketipu nganti Rp125 juta gara-gara dijanji bakal diloloske dadi polisi.

Ceritane, Dimas dikenalke karo wong jenenge Biman, sing diomongke mantan polisi pangkat AKBP, biyen tugas neng Polda Jateng. Saka kono, Dimas dijanjeni isa mlebu Secaba Polri 2025, tapi kudu setor duit nganti Rp550 juta!


“Awale dijanji mlebu, terus aku wis transfer Rp125 juta. Nanging jebule ora lolos,” kandhane Dimas, polos tapi kecewa.


Sing luwih ngenes, wis ora lolos, duit ora bali-bali. Malah Dimas ngaku diteror terus, disuruh nambah pembayaran nganti lunas Rp550 juta.


“Wis gagal, malah diuber-uber disuruh nambah duit. Lah iki kan ora genah!” ujare nesu.


Dimas ngakoni ora nduwe perjanjian resmi. Mung ana bukti transfer karo catetan omongan bae.


“Ya aku ora ngerti gagale merga apa. Habis tes terakhir, ujug-ujug ora mlebu. Terus malah ditelpon-teror terus,” tambahé.


Sing nggawe tambah ruwet, sing ngenalke Dimas karo Biman kuwi diduga ana oknum polisi aktif saka wilayah Purwokerto lan Banjarnegara.


Saiki, Dimas wis njaluk bantuan hukum. Pengacarane ora main-main, siap nggawa kasus iki neng jalur pidana.


“Yen ora ana itikad apik, bakal diproses penipuan lan penggelapan. Iki wis jelas merugikan,” tegas kuasa hukum.


Biman dhewe disebut-sebut wong Semarang, manggon neng wilayah Pendrungan. Nanging nganti saiki durung ana klarifikasi.


Pelajarané cetha ojo gampang percaya janji ‘jalur belakang’. Sing ana malah buntung, duit entek, ati mumet!

0 Komentar