Ketemu Ning Kedondong! Bocah Sing Kecemplung Kali Pelus Akhire Ditemokake, Ninggal Dunya


BANYUMAS
- Aurel Deni Prabela (18), bocah sing kecemplung neng Kali Pelus, akhire ketemu uga. Ning sayange, pas ditemokake warga Minggu sore (12/4/2026), kondisine wis ninggal donya.


Aurel ditemokake neng aliran kali wilayah Kedondong, Sokaraja. Posisi wis adoh banget saka panggonan kecelakaan, ketoké keseret banyu sing lagi gedhé lan deres.


Sadurunge, Aurel kecemplung bar motor sing ditumpaki karo kancane nabrak pembatas jembatan neng Kali Pelus, wilayah Dukuhwaluh–Arcawinangun, Kembaran, Sabtu wengi.


Motoré nabrak kenceng nganti loro-lorone mental mlebu kali. Kancane, Rini Sulistiawati (18), isih slamet lan langsung digawa neng RSUD Margono kanggo dirawat.


Nanging Aurel keseret arus lan ora ketemu nganti bengi. Tim SAR karo warga wis nggolèki nganti bengi banget, ning durung nemu, terus dilanjut esuke.


Bar Minggu sore, warga sing lagi neng pinggir kali weruh ana mayit ngambang, jebul kuwi Aurel. Langsung dilaporna lan petugas teka kanggo evakuasi, nunggu ambulans teka.


Saiki kasusé isih diurus polisi. Dugaané sih motoré kelangan kendali, dalané licin karo peteng.

0 Komentar