BANYUMAS – Kasus bocah kobongan sing kelakon nang Desa Karangrau, Sokaraja, saiki tambah panas. Rekonstruksi kapindho sing digelar dina Selasa (14/4/2026) malah mbukak fakta anyar sing gawe kaget: ceritane beda-beda antarane pelaku karo korban.
Rekonstruksi iki digelar ning lokasi kejadian, tapi ditutup rapet, ora oleh diliput wartawan. Alasane, sing melu perkara isih bocah-bocah, dadi kudu dijaga.
Kasi Pidum Kejari Banyumas, Amanda Adelina, ngomong nek rekonstruksi iki kanggo njlentrehke kepriye kejadian sejatine.
“Rekonstruksi iki kanggo memperjelas kronologi. Nanging isih ana adegan sing durung diperagakake amarga ana sing ora teka,” ujare.
Dheweke uga nambahke, kemungkinan bakal ana rekonstruksi maneh.
“Bisa wae ana rekonstruksi kaping telu kanggo nglengkapi adegan sing kurang,” tambahé.
Ning lapangan, ana luwih saka 20 adegan sing diperagakake. Nanging kuasa hukum korban, Eko Prihatin, nyebut jumlahé nganti 31 adegan.
“Saiki ana tambahan adegan saka hasil pengembangan penyidikan,” ujare Eko.
Sing dadi masalah, ceritane ora podo. Versi saka pelaku (ABH) karo siji saksi dianggep podo, nanging langsung dibantah korban karo saksi liyane.
“Versi pelaku ora kabeh bener, korban lan saksi liyane ora setuju karo sawetara adegan,” tegas Eko.
Dheweke negeske bakal terus ngawasi kasus iki nganti rampung.
Kasus iki wiwit saka pesta miras bocah-bocah enom tanggal 18 Desember 2025 wengi. Wektu kuwi korban karo kancane lagi ngrayakake ulang tahun, banjur tuku ciu lan ngombe bareng.
Nanging petaka teka pas esuk dini hari sekitar jam 04.00 WIB. Korban sing lagi turu diduga disirami bensin banjur diobong.
Akibate korban ngalami luka bakar abot lan kudu dirawat nang RSUD Banyumas.
Kapolresta Banyumas, Petrus P. Silalahi, ngomong nek saiki wis ana siji pelaku sing ditetepke, yaiku MPP (15), sing uga isih bocah.
“Kita wis netepke siji ABH, lan isih didalami kemungkinan ana pelaku liyane,” ujare.
Barang bukti kaya selang uga wis diamanke. Polisi saiki isih ngumpulake keterangan saka saksi-saksi.
Amarga ceritane isih beda-beda lan adegane durung lengkap, kemungkinan rekonstruksi bakal dianakke maneh. Kasus iki isih dawa perjalanane lan dadi perhatian warga Banyumas, amarga kedadeyan saka pesta miras sing ujunge dadi tragedi nggegirisi.

.jpg)
%20-%20Dibuat%20dengan%20PosterMyWall.jpg)
