BANYUMAS, NGAPAKNEWS.COM - Kasus tambang emas ilegal nang Ajibarang akhire tekan nggon pungkasan nang Pengadilan Negeri Purwokerto dina Kemis, 2 April 2026. Sidang sing dipimpin dening Ketua Majelis Hakim Dian Anggraini kiye gawe geger merga hakim ngekei vonis bebas nggo rong terdakwa, sementara siji terdakwa liyane olih paukuman sing ora kudu mlebu penjara. Putusan kiye dadi sorotan wong akeh merga dadi bukti kepriwe hukum nyawang nasib buruh harian sing mung golet upa nang tengah-tengah bisnis tambang sing ora ana izine.
Slamet Marsono dadi siji-sijine terdakwa sing dinyatakna kabukti salah merga melu ngolah mineral sekang tambang ilegal kuwe. Senajan dheweke divonis nem wulan penjara, Majelis Hakim ngekei status pidana bersyarat. Artine, Slamet ora susah ngrasakna ademe ubin penjara angger selawase setaun mangsa pengawasan dheweke dadi wong bener lan ora nglakoni tindak pidana maning. Hakim uga wanti-wanti banget supaya Slamet ora bali kerja dadi teknisi utawa tukang lebur emas nang nggone Dedi utawa tambang ilegal liyane, merga angger melanggar aturan kuwe, dheweke kudu langsung mlebu bui.
Beda nasib karo Slamet, Gito Zaenal Habidin karo Yanto Susilo malah olih rejeki nomplok merga divonis bebas murni dening Majelis Hakim.
Miturut pertimbangan hakim, wong loro kuwe ora kabukti kanthi sah lan meyakinkan nglakoni salah kaya sing dituduhna dening Jaksa.
Hakim mrentahna supaya wong loro kuwe langsung dibebasna sekang tahanan lan kabeh hak-hak sarta martabate dibalekna kaya maune. Bedane vonis kiye nuduhna nek hakim pancen teliti banget ndeleng peran siji-sijine wong sing kerja nang lapangan.
Masalah barang bukti, pengadilan tetep tegas lan ora ana ampun nggo kabeh alat produksi sing dinggo nambang. Puluhan alat kaya mesin crusher, blower, tekan sistem konveyor kabeh dirampas nggo negara.
Sementara kuwe, bahan-bahan kimia sing mbebayani banget nggo lingkungan kaya natrium sianida, soda api, karo boraks langsung dikon musnahna. Hal kiye dadi bukti nek senajan buruhe olih kawelasan, tapi alat-alat sing nggo ngrusak alam tetep kudu disapu bersih supaya ora dinggo maning.
Putusan kiye sejatine dadi pesen sing nylekit nggo aparat penegak hukum. Pengadilan kaya-kayane sadar nek mung ngukum buruh harian ora bakal ngrampungna akar masalah angger bos gede utawa pemodal sing dadi otak tambang emas Pancurendang isih ora kacekel.
Kasus kiye dadi pangilon kepriwe bunder-bundere penegakan hukum nang sektor tambang, nang endi keadilan kudu ditimbang antarane negakna aturan negara karo kenyataan pahit rakyat cilik sing kepepet golet nafkah.
