BANYUMAS - Pagelaran wayang kulit sing digelar mantan Bupati Banyumas, Mardjoko, wingi bengi dadi rame banget.
Sing keton ana Sekda Banyumas Agus Nur Hadi, terus dr. Tangguh, mantan Camat Wangon Sujarwoto, karo Ketua PERADI SAI Purwokerto Djoko Susanto.
Liyane ya akeh, tokoh masyarakat pada melu ngramekna.
Lakoné Babat Kalisrayu, critane soal asal-usule daerah.
Sing nonton ya pada seneng, soale ora mung hiburan, tapi ya iso ngerti crita jaman mbiyen.
Mardjoko ngomong nek wayang kuwe penting, aja nganti ilang.
“Wayang kuwe dudu mung kanggo nonton tok, tapi ana isine, ana pesene. Nek ora dijaga, mengko ilang dhewek,” ujare.
Dheweke uga ngajak bocah-bocah enom ben melu sinau budaya dhewe.
“Saiki wis ana sing enom-enom melu. Kuwe apik, ben ana sing neruske. Ojo nganti mandeg,” tambahé.
Miturute, tekane para tokoh kuwe ya dadi conto kanggo masyarakat.
“Yen sing nduwur wae gelem teka, masyarakat ya kudu melu njaga. Iki budaya duweke wong Banyumas kabeh,” tegesé.
Acara kaya ngene diarep-arep terus ana, ben wayang kulit tetep urip lan ora kalah karo jaman saiki.




0 Comments