BANYUMAS – Tokoh sing wis kondhang kaloka, Bupati Banyumas sing kaping-30 (periode 2008–2013), Marjoko, ngelingna babagan pentinge kebijakan ekonomi nasional sing mihak maring rakyat. Nganggo gaya ngomong sing prasaja, deweke ngelingna nek keberhasilan pembangunan kuwe aja mung dideleng sekang angka-angka neng dhuwur kertas, tapi kudu krasa tekan ngisor (akar rumput).
Miturut Marjoko, kebijakan pemerintah siki jane wis bener dalane, utamane babagan efisiensi anggaran lan aturan pajeg nggo wong-wong sing penghasilane dhuwur. Tapi, deweke nambahi cathetan penting.
"Secara ekonomi, langkah kuwe wis bener. Tapi pemerintah kudu tetep ndeleng kondisine rakyat ben aja tambah kabotan uripe," omongane Marjoko lugas pisan, Selasa (31/3/2026).
Hilirisasi Dadi Kuncine
Deweke uga nyoroti soal strategi hilirisasi industri nggo mesin penggerak ekonomi sing awet. Marjoko negasna, sumber daya alam Indonesia aja didol mentahan terus maring luar negeri, tapi kudu diolah neng njero negeri dewek ben regane tambah dhuwur.
"Bahan mentah kaya bauksit kudu diolah dadi alumina, terus dadi aluminium, nembe dadi barang dadi. Kuwe nembe jenenge investasi sing bener," tambahe.
Marjoko mbiji nek kepala daerah, utamane Bupati, kuwe dadi ujung tombak sing nggerakna ekonomi. Pemerintah daerah nduweni posisi sing strategis nggo mahami apa sing dadi kebutuhane masyarakat, kawit urusan sawah tekan urusan tenaga kerja.
"Sing ngrasakna dampak kebijakan langsung kuwe rakyat. Mulane, bupati kudu ana neng tengah-tengah rakyat, ngrungokna, lan nglaporkna kondisi sing sanyatane maring pusat," tegese.
Deweke uga ngritik soal indikator pendapatan per kapita sing jere dadi "semu" utawa ora nyata. Nggo deweke, personal income utawa pendapatan asli masyarakat kuwe luwih penting nggo ngukur kesejahteraan. "Angka gedhe durung tentu dirasakna rakyat. Sing paling penting kuwe duit nyata sing mlebu maring kantonge masyarakat." ujare Marjoko.
Kemajuan Pertanian lan Reformasi Politik
Neng sisi liyane, Marjoko ngalem kemajuan sektor pertanian, utamane neng kualitas produksi pari sing mundhak. Nggo deweke, kiye dadi bukti nyata nek kebijakan sing pas bisa langsung nggo nambah kesejahteraan petani.
Ora mung ngomong ekonomi, Marjoko uga nggawa ide anyar soal reformasi sistem politik. Deweke ngusulna model seleksi kepala daerah sing didasar dhisit sekang kemampuane (kompetensi) liwat partai politik lan pemerintah. Tujuane nggo neken biaya politik sing larang banget lan ben metu pemimpin sing bener-bener pinter.
"Angger seleksine ketat lan ndeleng kemampuan, dewek bisa olih pemimpin sing bener-bener siap kerja nggo rakyat," jelase.
Nggo penutup, Marjoko pesen ben negara kiye diurus nganggo niat sing tulus, aja nggo kepentingan golongane dewek. Deweke ngarep-arep anane kerjasama sing apik antarane pemerintah, partai politik, lan masyarakat.
"Negara kiye duweke bareng-bareng, aja nggo kepentingan dewek. Angger kabeh mlaku nganggo niat apik, Indonesia mesthi maju," pungkase.(sp)
