Nyenengi Pisan, SAKA Series 1 Digelar, Atlet Karate Cilacap Podo Gaspol Tanding Ngadu Jurus


CilacapFederasi Olahraga Karate-Do Indonesia Kabupaten Cilacap ngadakake ajang SAKA Series 1 utawa Sirkuit Atlet Karate Berseri nang Aula SMA Negeri 1 Cilacap. Acara iki dadi panggonan tanding sekaligus ngecek kemampuan atlet karate saka macem-macem sekolah lan perguruan.


Ana sekitar 167 peserta sing melu, wiwit bocah SD nganti SMA/SMK. Total ana 180 nomor pertandingan sing digelar, dadi ajang iki pancen rame lan kebak semangat.


Sing melu ora mung saka sekolah wae, tapi uga saka macem-macem perguruan karate sing gabung nang FORKI Cilacap. Ning, saka kabeh perguruan sing ana, mung BKC sing ora ngirim atlet neng SAKA Series 1 iki.


Ketua FORKI Cilacap, Agil Lastiono, ngomong nek SAKA Series iki penting banget kanggo masa depan atlet.


“SAKA Series iki dadi ajang kanggo ndelok perkembangan atlet saka wektu ke wektu. Dadi ora mung juara sepisan, tapi kudu konsisten apik neng saben seri,” ujare.


Dheweke uga nerangake, sistem poin sing digunakake bakal ngumpul saka saben pertandingan. Saka kene mengko bakal katon sapa sing paling apik lan pantes dadi jawara nang kelasé.


“Harapane kabeh perguruan iso melu bareng, ben pembinaan atlet luwih merata lan tambah apik,” tambahé.


SAKA Series iki bakal digelar rutin telu kali setaun, jarake patang wulan pisan. Tujuane jelas, kanggo nyiapke atlet-atlet Cilacap ben siap tanding neng tingkat luwih dhuwur, kaya Kejurprov nganti Kejurnas.


Sanajan kondisi karate saiki lagi ora gampang, semangat para atlet Cilacap tetep murub. SAKA Series dadi bukti nek pembinaan terus mlaku lan ora kendat.