Wong Enom Keseret Ombak Nang Pantai Watu Bale, Siji Isih Ilang

Kiye TIM SAR sekang Cilacap sing lagi pada nggoleti korbane anu lagi nyiapna prau/Poto: Sekang Humase

KEBUMEN – Kedadian nyedhihke kelakon nang Pantai Watu Bale, Kecamatan Ayah, Kabupaten Kebumen, Minggu (29/3/2026) esuk. Siji wong enom keseret ombak gedhe lan nganti saiki isih durung ketemu.


Miturut informasi sing ditampa Basarnas Cilacap, kedadian kuwi kawiwitan kira-kira jam 08.55 WIB. Wektu kuwi ana pitu wisatawan lagi padha dolan lan adus nang segara. Ning dumadakan teka ombak gedhe, nganti nyeret telu wong.


“Sing loro iso diselametke, ning sing siji keseret lan nganti saiki isih digoleki,” ujare petugas.


Korban sing slamet yaiku Ghani Anfa M (16) lan Muhammad Arron Vito Wijaya (15), loro-lorone warga Banjarnegara. Dene sing isih ilang jenenge Ibnuyun bin Bayad (15), warga Desa Pucang, Banjarnegara.


Entuk laporan jam 09.50 WIB, tim SAR saka Kebumen langsung meluncur cepet. Jam 10.00 WIB wis mangkat, tekan lokasi kira-kira jam 11.11 WIB. Tekan kana, tim langsung koordinasi karo relawan lan unsur SAR liyane, banjur nyisir lokasi kanggo nggoleki korban.


Ning nganti sore jam 17.00 WIB, asilé isih zonk, durung ana tandha-tandha korban ketemu. Operasi SAR banjur diendheg sek sementara lan arep dilanjut maneh sesuk Senin (30/3) jam 07.00 WIB.


Kahanan cuaca wektu kedadian dilaporake cerah mendhung tipis, ning ombak segara tetep mbebayani.


Pihak SAR ngélingké masyarakat, utamane sing dolan nang pantai, ben luwih ngati-ati. “Aja nganti sembrono nek lagi adus nang segara, kudu ngerti kahanan ombak lan arus,” pesené petugas.


Nganti saiki, upaya goleki korban isih terus dilakoni nganti korban ketemu.