“Pledoi Njeblug Wir! Pengacara: Ora Salah Koh Diadili, Kiye Ya Ora Adil!


BANYUMASAN - Sidang lanjutan kasus tambang emas ning Tajur, Desa Pancurendang, Kecamatan Ajibarang, Kabupaten Banyumas, dadi panas tenan neng Pengadilan Negeri Purwokerto, Rebo 1 April 2026. 


Nang agenda maca pledoi, pengacara terdakwa negeske nek ora ana siji-sijia saksi sing nyebut kliene salah. Malah nganti ngancem arep nglapor hakim tekan Presiden nek putusane dirasa ora adil.


Sidang kuwe dipimpin karo ketua majelis hakim Dian Anggraeni bareng loro hakim anggota liyane, lan ngadekke telu terdakwa, yaiku Slamet Marsono, Gito Zaenal, karo Yanto Susilo.




 Sakdurunge, Jaksa Penuntut Umum Boyke Suhendro lan Sutrisno nuntut ketigane dihukum setaun penjara karo denda Rp30 juta, subsider 30 dina kurungan.


Nang pledoine, pengacara terdakwa, H Djoko Susanto SH, nyorot fakta persidangan sing miturut deweke ora nunjukke ana pelanggaran hukum sing dilakoni para terdakwa.


 Deweke ngomong, saka total 12 saksi karo loro saksi ahli sing diadekke, ora ana siji-sijia sing ngomong ketiga terdakwa kuwe salah.

“Fakta persidangan saka 12 saksi ditambah 2 saksi ahli, ora ana siji-sijia sing nyebut telu terdakwa iki salah utawa nglanggar undang-undang. Lha terus hakim arep mutus apa maning?” ujare Djoko bar sidang.


Deweke uga ngelingke, nek nganti putusan nyalahke kliene, kuwi jenenge nglarani rasa keadilan. 


Djoko nganggep, nek tambang kuwe nyeret nganti atusan wong kerja, kudune penegakan hukum ya kabeh diproses, dudu mung telu wong tok.


“Nek hakim nganti mutus telu wong iki salah, ya ora adil. Ning sidang wis cetha ana atusan wong kerja neng tambang kono. Kudune kabeh diproses, dudu mung telu iki tok. Negara kaya apa kie?” tembunge.


Ora mung kuwe, Djoko uga ngomong bakal njupuk langkah hukum maneh nek putusane ora mbela kliene. Deweke nganti ngancem arep nglapor tekan tingkat paling dhuwur.


“Nek nganti terdakwa dinyatakke salah, aku bakal nglapor neng Ketua Mahkamah Agung, malah tekan Presiden ya tak lapor kasus iki,” ujare.


Sakdurunge rampung, sidang sempet diskors nganti jam loro awan, merga JPU njaluk wektu kanggo nyinaoni isi pledoi saka tim pengacara terdakwa.


Kasus tambang emas neng wilayah Ajibarang iki isih dadi omongan wong akeh. Akeh sing menehi perhatian lan dukungan, merga telu terdakwa iki dianggep mung buruh cilik neng balik kegiatan tambang sing gedhe kuwi.

0 Komentar