Shappire Mansion Nongol Maning! Setahun Mandek, Saiki Wis Mlebu Penyidikan, Wis Ana Mambu mambu Pidana!


BANYUMAS
– Lah iki dia, kasus perumahan ShappireMansion neng Desa Karangrau Sokaraja, sing wis meh setaun ngglinding ora cetho, saiki akhirnya munggah tingkat dadi penyidikan. Tegese apa? Ya wis mulai ketok ana unsur pidana, ora mung omong kosong tok!

Pengacarane korban ngomong blak-blakan, polisi aja nganti alon-alon maning. “Iki dudu perkara sepele. Wong tuku omah kok malah kaya ngono nasibe. Kudu cepet rampung, ben cetho keadilane!” ujare karo nada nesu.


Sing nglapor, Hendi Saputra, uga wis kesel nunggu. Wiwit lapor 12 Maret 2025, kasusé kaya mandek neng panggonan. Dheweke mulai curiga pas dipanggil kejaksaan, terus dicek- -cek, jebul akeh sing ora beres.


“Lha wong tuku omah meh sak milyar, kok statusé malah RSS (Rumah Sederhana). Iki piye maksude?!” ujare Hendi karo gumun campur nesu.


Ora mung kuwi, pas arep ngajuake top-up kredit neng bank, malah ditolak. Alasane? Dokumen ora lengkap! Saka kene wis cetho, ana sing ora bener neng proyek iki.


Saka penelusurané, tanah sing dienggo proyek kuwi asline kanggo omah sederhana, tapi kenyataane dibangun dadi omah mewah. “Yen mung salah administrasi sih isih iso dingerteni. Ning nek kaya ngene, wis koyo ana niat ora apik!” tegasé.


Warga lan korban wis bola-bali audiensi karo pihak pemerintah, ning ora tau nemu titik temu. Akhire, kasus iki digawa nganti laporan polisi, malah nganti Propam Mabes Polri sekalian.


Saiki, bar kepemimpinan anyar neng Polresta Banyumas, kasusé mulai obah. Wis resmi mlebu penyidikan. Tinggal ngenteni, sapa sing bakal dadi tersangka.


Jeneng sing keseret kasus iki yaiku inisiale NAS saka PT Linggajati Permai. Dugaané jelas pelanggaran perlindungan konsumen, amarga ora sesuai karo peruntukan lan legalitas.


Kasus iki dadi pangeling-eling kanggo wong akeh. Aja nganti tuku omah malah ketipu. Lan kanggo aparat, ojo nganti kasus kaya ngene mung “angin liwat” tok!

0 Komentar