Suwe Ora Metu, Mardjoko Muncul Maning?! Jebule Nggugat Perkara Investasi Rp10 Miliar


BANYUMAS — Wis suwe ora ketok nang publik, mantan Bupati Banyumas periode 2008–2013, Mardjoko, saiki ujug-ujug muncul meneh. Ning dudu merga acara apa-apa, tapi merga kesangkut perkara investasi sing regané ora cilik, tekan Rp10 miliar.


Perkara iki saiki wis mlebu nang Pengadilan Negeri Purwokerto lan lagi tahap mediasi. Sadurunge wis dicoba dirampungke apik-apik, kekeluargaan, ning ya ora dadi-dadi.


Kuasa hukume, Djoko Susanto, blak-blakan ngomong nek perkara iki wis resmi mlaku neng pengadilan.


“Saiki wis tahap mediasi. Wis dicoba rembugan apik-apik ora rampung, ya wis mlebu jalur hukum,” ujare, Rebo (1/4/2026).


Pengadilan dhewe wis nunjuk mediator kanggo ngewangi loro pihak ben isa nemu dalan tengah. Mediasi lanjutane dijadwalke tanggal 7 April 2026, dadi penentu, arep rampung rukun apa malah terus gelut neng sidang.


Soal investasine dhewe durung dibukak cetha. Ning sing jelas, miturut pihak Mardjoko, duit sing mlebu kuwi diduga ora jelas tanggung jawabe nganti njalari kerugian gede.


Pihake uga wis siap bukti-bukti lengkap. Yen mediasi mentok, ya wis siap diteruske nganti pengadilan rampung.


Ning ya tetep, isih ana kemungkinan damai nek pihak kono gelem itikad apik.


Kondisi kaya ngene iki gawe jenenge Mardjoko dadi omongan meneh nang masyarakat. Soale, sakdurunge pancen wis suwe ora krungu kabare, ujug-ujug metu meneh langsung karo perkara gedhe.

0 Komentar